BN News. Banyumas || Kayane ganu padha reang Kaki Suta karo Nini Dadhap arep padha maju calonan Bupati Banyumas, deneng nganti seprene ampleng njimpleng nganti KPU nambah wektu perpanjangan pendaftaran.
Ujarku Akeh Profesor, akeh Doktor, S2 ngadug, S1 apamaning. Akeh Kiai, Bu Nyai, Gus, Pengusaha, kontraktor, pemborong, boss, ASN, Pejabat sing padha hebat-hebat tapi ora nana suarane, langka foto baliho nang perapatan, pertelon lan jalan-jalan desa.
Nganti dina kiye, Setu 31 Agustus 2024, sing mbeke daftar mung siji pasangan calon Sadewo – Lintarti (SANTRI) dedukung utawa deusung rolas partai politik.
Pertamane lima parte yaiku PDIP, PKB, PKS, PPP, PAN, detambah parte nonparlemen Perindo, Ummat lan Gelora. Sewise deklarasi tambah telung parte maning yaiku Gerindra, Demokrat lan Golkar sing awale jere ora ngusung Sadewo-Lintarti tapi pasangan Ma’ruf Cahyono lan Rahmat Imanda (MACAN RIMBA).
Ora nana keterangan babar pisan, kenangapa MACAN RIMBA ora sida nyalon. Golet dewek jawabane yaa.
Akhire nganti bates akhir pendaftaran, sangalikur Agustus mung siji-sijine paslon yaiku Sadewo-Lintarti. KPU terus ndawakna utawa nambah maning wektu pendaftaran calon nganti papat September jam 08.00-23.59 WIB.
Enggane mengko nganti batas terakhir pendaftaran tanggal 4 September 2024 urung tambah maning sing daftar, KPU Banyumas arep netepaken Sadewo-Lintarti siji-sijine calon alias calon tunggal. Berarti mengko pas Coblosan pilkada serentak 27 November 2024 wong Banyumas ngadepi kertu suara sing ana gambare Sadewo-Lintarti karo gambar kotak kosong.
Tapi aja kesusu nyimpulna dingin, sebab nang dunia politik kuwe bisa berobah-robah etungan menit lan detik. Apamaning angger ana “angin lisus politik” sing bisa ngerobah kahanan.
Wong Banyumas detantang KPU kon padha ndaftar calon nglawan SANTRI nganti tanggal terakhir wektu perpanjangan.
Pertanyaane, wani apa ora. Angger wani aja wedi-wedi, angger wedi aja wani-wani.
Kuwe kabeh ngobrol dopokan juguran nganggo telpon Minggu (01/09/2024) esuk ngopi clebek lan udud nang ngumahe dewek-dewek, Lik Agus nang Semarang, inyong Djarmanto nang Pasir Raja Bantarsoka Purwokerto Barat. (Djarmanto-YF2DOI//Red)